teks khotbah jum'at bahasa jawa


JUM’AT, 17 September 2011
…………………………………………………………………………………………..
Sidang jum’at Rahimakumullah
Sumonggo kito tansah berusaha ningkataken takwa kito dhumateng Allah SWT kanti nindakaken dhawuh2ipun lan nebihi sedoyo awisan2ipun.
Sak meniko kito sampun mlebet wulan Rabiul Awal, setunggalipun wulan kelahiran junjungan kito Nabi Agung Muhammad saw. Peristiwa kelahiran nabi kedah kito perhatosaken lan kito pendhet pelajaran lan I’tibar’. Keranten ajaran Islam lan pitedah ingkan dipun beto, kalimah2 tauhid ingkang sampunnyelametaken manungso saking jurang kenistaan lan kedholiman dhumateng alam ingkang terang kebaak saking hidayahipun Allah.
Nabi Muhammad dipun lahiraken   dinten Isnen, tanggal 12 Rabiul Awal Tahun Fiil, utawi tahun Gajah bertepatan tanggal 20 April 571 M. Dipun wastani tahun Gajah, keranten sesarengan kaliyan peristiwa datangnya pasukan Raja Abrahah saking negeri Habsyi tumuju Yaman kanthi kendaraan Gajah ingkang berjumlah kirang langkung 60.000 pasukan/tentara.,,,bertujuan merusak dan menghancurkan ka’bah (Baitullah) ing kuto Mekkah . Ananging sakderenge kaleksanan sampun dipun papag manuk-manuk Ababil. Pasukan Abrahah dipun uncali dibalangi watu panas, sahinggo dados kocar kacir. Badanipun sami kepanasen kulite sami mngelupas kados godhong ingkang dipun pangan uler.
Kelahiran nabi wonten ing alam donya, telah membawa perubahan-perubahan dunia terutama pada bangsa Arab Jahiliyah, baik di bidang keagamaan, politik, ekonomi-sosial, budaya, dsb. Kelahiran Nabi ibarat cahaya menerangi kegelapan memperbaiki akhlak tercela dan member tauladan yang baik. Ngendikanipun Allah S. Al Ahzab : 21…


Artosipun : sungguh telah ada pada diri Rasulullah (Muhammad) itu suri tauladan yang baik.

Kaum muslin Rahimakumullah..
Langkung rumiyin kawulo wasiat dhumateng pribadi kulo piyambak lan panjenengan sedoyo kaum muslimin siding jum’at, sumonggo kito senantiasa ningkataken taqwa kito dhumateng Allah SWT. Kanthi senantiasa nglampahi sedoyo perintah2ipun lan nebihi sedoyo awisan2nipun, Keranten kanthi taqwa puniko kulo lan panjenengan sedoyo nampi kabekjan lan kebahagiaan.
Alhamdulillah sakmeniko kito taksih saget ndherekaken wulan ingkang penting, kito mlebet wonten ing wulan kelahiran Nabi. Inggih puniko wulan Rabi’ul Awal.
Junjungan kito Nabi Muhammad lahir tanggal 12 Rab.awal Tahun Gajah (ALFiil) bertepatan tanggal 20 April 571 M. Dipun wastani Tahun Gajah keranten wekdal puniko kalersan wonten sebuah peristiwa sepasukan tentara pimpinan Raja Abrahah saking negeri Habsyi tumuju negeri Yaman kanti kendaraan arupi Gajah saperlu badhe ngursak utawi ngrobohake kakbah ing kuto Mekkah. Ananging kanti panguwaosipun allah pasukan ingkang cacahipun kirang langkung 60.000 tentara dipun hadang kaliyan pasukan manuk ababil sahinggo pasuka raja abrahah kocar kacir lan binasa keranten sami kobong dipun tembaki kaliyan watu panas. Ngantos dipun gambaraken pasukan kolowau kulitipun sami mengelupas kados godhong dipangan uler. Persis kados keterangan wonten ing surat Al Fiil ayat 1-5.
Sidang jum’ah …



Milo wonten ing kitab barjanji dipun sebataken ing syair :
.Asyrokol badru ‘alaina Fahtafat minhul buduur. /terbitlah bulan purnama (Nabi Muhammad) atas kami, maka samar-samarlah bintang-bintang karenanya.
.Mitslak khusnik maro aina Qottuya wajhassuruur. / kami tidak pernah melihat ketampanan sepertimu, wahai wajah kegembiraan.
.Anta syamsun anta badrun anta nurun fauqo nuuri./ Engkau bagaikan matahari, engkau bagaikan purnama. Engkau cahaya di atas cahaya.
***.
Milo monggo wonten ing wulan kelahiran nabi kito sami ngatahah-ngatahaken maos shalawat kangge raos mahabbah, mugi2 kito pikantuk syafaatipun mangke wonten ing akherat.
“Aulannaasibii yaumal qiyamati aktsaruhum ‘alayya sholaah” ( Manungso yang paling patut kumpul karo aku, yoiku sing paling akeh anggone moco shalawat marang aku”
Jamaah jum’ah Rahimakumullah ….
Kanthi perayaan wulan maulud …, sumonggo kito mendhet  pelajaran lan I’tibar saking perjuangan Nabi utawi Akhlak pribadinipun  wiwit sakderengipun dados nabi ngantos pyambakipun dipun angkat  dados utusanipun Allah, sebab wonten ing pribadi nabi Muhammad puniko tulodo-tulodo utawi panutan2 ingkang sae wonten ing babagan nopo kemawon,
“Laqod kaana lakum fii rasuulullaahi uswatun khasanatun liman kaana yarjullaaha walyaumal aakhiri wadzakarollaaha katsiiron”. / Yekti ono ing dalem pribadi Rasulullah saw iku panutan kang bagus, tumpraping wong kang pengin nemoni Pangeran ono ing dino akhir lan dzikir marang Allah kang sak akeh2e”


Jamaah jum’ah ingkang kulo hormati…
Bertepatan wulan Maulud tahun puniko, ugi sareng kaliyan musim rendheng kanthi cuaca ingkang ekstrem, cuaca mboten menentu dipun tandai kaliyan bencana angin ageng. Menawi wonten tlatah Kudus dipun wastani Badai Narella ingkang kecepatanipun ngantos 50 km/jam dumugi 75 km/jam. Kekuatan kalawau saget nerjang nopo kemawon ingkang dipun liwati. Griyo sami mlorot genthengipun, wit2an sami njepluk roboh, buah2an sami rontok.  Dereng bencana longsor ingkang dipun sebabaken toya jawah ingkang mengguyur gompeng-gompeng ing perkampungan pegunungan. Sedoyo kalawau ndadosaken kito tansoyo menyadari bilih kekuatan Ageng saking panguwaosipun Allah SWT tuwin ndadosaken kito sami waspada. Ingkang paling penting kito sami ningkataken anggen kito caket  kaliyan Pangeran kanti ningkataken ibadah kito.

Mugi kito sedoyo

No comments:

Post a Comment

Atur acara api unggun

                      Ditengah keheningan malam.......... bersana bulan dan bintang yang bertaburam............ bersama pula alunan san...