PRANATA ACARA “WALIMATUS SAFAR”
Ahad Pon,
2 Oktober 2011
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
LABBAIKALLAHUMMA LABBAIK …..
ALHAJJUL MABRUUR LAISA LAHU JAYA UN ILAL
JANNAH..
MAN HAJJALILLAHI FALAM YARFUTS WALAM YAFSUQ
RAJA’A MIN DZUNUBIHI KAYAUMIN WALADATHU UMMUHU.
Amma ba’du :
Dhumateng rama-rama kiyai, para alim
ingkang tansah kito hormati lan kito taati …
Utaminipun dhumateng romo KH. MISBAHUDDIN
NASHAN AMIR, LC saking Kudus ingkang tansah kito hormati tuwin kito taati
menggah mauidhoh hasanahipun.
Dhumateng Bapak Kepala Desa Japan (Bp
Sutikno), tuwin sedoyo Perangkat sak andhahipun ingkang kito hormati.
Dhumateng para sesepuh pinisepuh, tokoh
agami tuwin tokoh masyarakat ingkang kito mulyakaken …
Kaum muslimin muslimat, tamu undangan
sedoyo ingkang mboten saget kawulo sebat setunggal lan setunggalipun ingkang
kito hormati…
Sakderengipun monggo kito tansah ngaturaken
syukur dhumateng ngarsa dalem Allah SWT …..
Shalawat lan salam kito aturaken dhumateng
junjungan Nabi Agung Muhammad saw. …
Para bapak para ibu inbgkang kawulo hormati
…
Sakderengipun acara dipun milai, kawula
atas nami Keluarga Bp. Karbi ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami
atas kerawuhan panjenengan sedoyo sampun nglonggaraken wekdal soho penggalih
…..
Saklajengipun Bapak Karbi nyuwun agunging
pangapunten mbok menawi anggenipun nampi soho mapanaken para Bp/Ibu sedoyo
wonten kekiranganipun …
Dalu puniko kito rawuh wonten majelis
puniko ngleksanani undangan saking Bapak Karbi …. Wonten acara Walimatus Safar
inggih puniko anggenipun Bapak Karbi badhe nindakaken Rukun Islam Kaping
gangsal , Ibadah Haji wonten ing Tanah Suci ingkang insyaAllah badhe berangkat
mbenjang tanggal 25 Oktober 2011 dinten Selasa Legi Jam
07.00. Keranten jam 08.00 tepat kedah sampun kempal wonten Pendopo
Kabupaten.
Kanthi puniko monggo kito ndherekaken muji
syukur tuwin ndherek ndedonga dhumateng Allah mugi-mugi tindakipun Bapak Karbi
tansah pinaringan pangayoman, hidayah lan ridho saking Allah SWT, tansah
wilujeng dalam perjalanan, wilujeng kesehatan, saget nglampahi rukun2ipun haji,
wajib haji lan sunnah2ipun haji, lan
mugiyo saget kondur kanti wilujeng selamet , saklajengipun dados haji ingkang
mabruur. Amin Ya Robbal Alamin.
Para bapak, para ibu ingkang kawulo hormati
…………
Keranten wekdal sampun nyekapi, ….
Sakderengipun, nyuwun sewu badhe kawulo
aturaken SUSUNAN ACARA wonten dalu puniko. Dene Susunan Acara Walimatus Safar
ingkang badhe kito dherekaken inggih
puniko
1.
Adicoro ingkang sepindhah : PEMBUKAAN
2.
Adicoro Ingkang kaping kalih : LANTUNAN AYAT-AYAT SUCI ALQUR’AN ingkang
badhe dipun salirani dening panjenenganipun ustadz NURHAN
3.
Ngancik acara salajengipun : adicoro kaping tigo : TAHLIL ingkang
samangke kasuwun dipun pimpin panjenenganipun Bapak JAMIAN M. JAZULI
4.
Dene adicoro ingkang kaping sekawan : inggih puniko sambutan2
a.
Sambutan minangkani SHOHIBUL BAITH kaaturaken dening BP. DRS. H. ABDUL MANAF
b.
Sambutan saking BP. KEPALA DESA JAPAN, BP. SUTIKNO
5.
Kaping gangsal : acara ISTIRAHAT ( para kaneman ingkang sampun
kajibah supados enggal ngleksanani tugasipun).
6.
Adicoro ingkang kaping gangsal : ACARA INTI (MAUIDHOH KHASANAH)…. Dipun
salirani almukarrom romo KH. MISBAHUDDIN NASHAN AMIR, LC Saking Mejobo Kudus. Sekaligus kasuwun doa.
7.
Adicoro ingkang pungkasan inggih puniko : PENUTUP
Makaten menggah susunan acara wonten dalu
puniko, kito wiwiti acara kaping setunggal inggih puniko Pembukaan. Monggo kito
bikak kanthi maos suratul fatehah mugi barokahipun sumrambah dhumateng kito
sedoyo lan mugi ndadosaken acara dalu puniko lumampah kanti lancar, khidmat,
mboten wonten alangan setunggal punopo2. Alaniyatus sholihah Al Fatehah ……
………………………….. Para bapak/para ibu…..,
mekaten menggah acara demi acara sampun kalampah lan kito dherekaken sesarengan,
mbok menawi kawula anggenipun ngacarani wonten kirang tanggapipun, kirang prayoginipun,
wonten cicir cewet anggen kawulo matur kawulo manungso limrah, sedoyo kalawau
keranten cublukipun pangertosan kawulo saking babagan punopo kemawon, saestu
kawulo nyuwun agunging pangapunten.
*) Mugiyo tindakipun bapak Karbi tansah
wilujeng, rahayu widodo kalis ing rubedo lan kalis ing sambikolo.
Saking Bapak Karbi pribadi, nyuwun
dhumateng sedoyo kaum muslimin muslimat lan sedoyo ingkang khadir wonten puniko
majelis, mbok menawi selama Bapak Karbi anggenipun sesrawungan kalih
panjenengan sedoyo wonten kekhilafan, wonten suba sito tata krami srawung
tetanggan ingkang sajak mboten reno ing penggalih panjenengan…. Wonten ing
babagan punopo kemawon, puniko wekdal Bapak Karbi nyuwun kanti ihlasing
penggalih nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedoyo. Kosok
wangsulipun mbok menawi panjenengan sedoyo wonten kekhilafan …. Bapak Karbi
mboten kawratan ngaturi pangapunten dhumateng panjenengan sedoyo.
Bapak Karbi nyuwun doa restu atas
tindakipun, mugi lancar wilujeng dalam perjalanan, tansah pinaringan sehat wal
afiat, tansah lancar nindakaken rukun-rukun haji, wajib-wajib haji tuwin
nindakaken sunnah2 haji ingkang sak kathah2ipun sahingga pikantuk gelar saking
Allah dados HAJI MABRUURR….
ALHAJJUL MABRUUR LAISA LAHU JAYA UN ILAL
JANNAH..
MAN HAJJALILLAHI FALAM YARFUTS WALAM YAFSUQ
RAJA’A MIN DZUNUBIHI KAYAUMIN WALADATHU UMMUHU. (Sing sopo wonge nindakake ibadah haji kerana Allah lan ora omong kang olo-olo, lan
ora duroko, mangka deweke bali suci
sangka dosa koyo bayi kang lagi dilahirake soko guwo garbane ibune.(HR
Bukhori wa Muslim)
*) Sak lajengipun keluarga ingkang wonten
dalem ugi tansah pinaringan wilujeng selamet mboten kekirangan ing
samudayanipun. Amin.
*) Makaten, sepindhah malih selaku pembawa
acara kawula nyuwun agunging pangapunten atas sedoyo kekirangan ….
Wassalamu’alaaikum Wr. Wb.
No comments:
Post a Comment