JUM’AT, 17 September 2011
…………………………………………………………………………………………..
Sidang jum’at Rahimakumullah
Sumonggo kito tansah berusaha ningkataken
takwa kito dhumateng Allah SWT kanti nindakaken dhawuh2ipun lan nebihi sedoyo
awisan2ipun.
Sak meniko kito sampun mlebet wulan Rabiul
Awal, setunggalipun wulan kelahiran junjungan kito Nabi Agung Muhammad saw.
Peristiwa kelahiran nabi kedah kito perhatosaken lan kito pendhet pelajaran lan
I’tibar’. Keranten ajaran Islam lan pitedah ingkan dipun beto, kalimah2 tauhid
ingkang sampunnyelametaken manungso saking jurang kenistaan lan kedholiman
dhumateng alam ingkang terang kebaak saking hidayahipun Allah.
Nabi Muhammad dipun lahiraken dinten Isnen, tanggal 12 Rabiul Awal Tahun
Fiil, utawi tahun Gajah bertepatan tanggal 20 April 571 M. Dipun wastani tahun
Gajah, keranten sesarengan kaliyan peristiwa datangnya pasukan Raja Abrahah
saking negeri Habsyi tumuju Yaman kanthi kendaraan Gajah ingkang berjumlah
kirang langkung 60.000 pasukan/tentara.,,,bertujuan merusak dan menghancurkan
ka’bah (Baitullah) ing kuto Mekkah . Ananging sakderenge kaleksanan sampun
dipun papag manuk-manuk Ababil. Pasukan Abrahah dipun uncali dibalangi watu
panas, sahinggo dados kocar kacir. Badanipun sami kepanasen kulite sami
mngelupas kados godhong ingkang dipun pangan uler.
Kelahiran nabi wonten ing alam donya, telah
membawa perubahan-perubahan dunia terutama pada bangsa Arab Jahiliyah, baik di
bidang keagamaan, politik, ekonomi-sosial, budaya, dsb. Kelahiran Nabi ibarat
cahaya menerangi kegelapan memperbaiki akhlak tercela dan member tauladan yang
baik. Ngendikanipun Allah S. Al Ahzab : 21…
Artosipun : sungguh telah ada pada diri
Rasulullah (Muhammad) itu suri tauladan yang baik.
Kaum muslin Rahimakumullah..
Langkung rumiyin kawulo wasiat dhumateng
pribadi kulo piyambak lan panjenengan sedoyo kaum muslimin siding jum’at,
sumonggo kito senantiasa ningkataken taqwa kito dhumateng Allah SWT. Kanthi
senantiasa nglampahi sedoyo perintah2ipun lan nebihi sedoyo awisan2nipun,
Keranten kanthi taqwa puniko kulo lan panjenengan sedoyo nampi kabekjan lan
kebahagiaan.
Alhamdulillah sakmeniko kito taksih saget
ndherekaken wulan ingkang penting, kito mlebet wonten ing wulan kelahiran Nabi.
Inggih puniko wulan Rabi’ul Awal.
Junjungan kito Nabi Muhammad lahir tanggal
12 Rab.awal Tahun Gajah (ALFiil) bertepatan tanggal 20 April 571 M. Dipun
wastani Tahun Gajah keranten wekdal puniko kalersan wonten sebuah peristiwa
sepasukan tentara pimpinan Raja Abrahah saking negeri Habsyi tumuju negeri
Yaman kanti kendaraan arupi Gajah saperlu badhe ngursak utawi ngrobohake kakbah
ing kuto Mekkah. Ananging kanti panguwaosipun allah pasukan ingkang cacahipun
kirang langkung 60.000 tentara dipun hadang kaliyan pasukan manuk ababil
sahinggo pasuka raja abrahah kocar kacir lan binasa keranten sami kobong dipun
tembaki kaliyan watu panas. Ngantos dipun gambaraken pasukan kolowau kulitipun
sami mengelupas kados godhong dipangan uler. Persis kados keterangan wonten ing
surat Al Fiil ayat 1-5.
Sidang jum’ah …
Milo wonten ing kitab barjanji dipun
sebataken ing syair :
.Asyrokol badru ‘alaina Fahtafat minhul
buduur. /terbitlah bulan purnama (Nabi Muhammad) atas kami, maka samar-samarlah
bintang-bintang karenanya.
.Mitslak khusnik maro aina Qottuya
wajhassuruur. / kami tidak pernah melihat ketampanan sepertimu, wahai wajah
kegembiraan.
.Anta syamsun anta badrun anta nurun fauqo
nuuri./ Engkau bagaikan matahari, engkau bagaikan purnama. Engkau cahaya di
atas cahaya.
***.
Milo monggo wonten ing wulan kelahiran nabi
kito sami ngatahah-ngatahaken maos shalawat kangge raos mahabbah, mugi2 kito
pikantuk syafaatipun mangke wonten ing akherat.
“Aulannaasibii yaumal qiyamati aktsaruhum
‘alayya sholaah” ( Manungso yang paling patut kumpul karo aku, yoiku sing
paling akeh anggone moco shalawat marang aku”
Jamaah jum’ah Rahimakumullah ….
Kanthi perayaan wulan maulud …, sumonggo
kito mendhet pelajaran lan I’tibar
saking perjuangan Nabi utawi Akhlak pribadinipun wiwit sakderengipun dados nabi ngantos
pyambakipun dipun angkat dados
utusanipun Allah, sebab wonten ing pribadi nabi Muhammad puniko tulodo-tulodo
utawi panutan2 ingkang sae wonten ing babagan nopo kemawon,
“Laqod kaana lakum fii rasuulullaahi
uswatun khasanatun liman kaana yarjullaaha walyaumal aakhiri wadzakarollaaha
katsiiron”. / Yekti ono ing dalem pribadi Rasulullah saw iku panutan kang
bagus, tumpraping wong kang pengin nemoni Pangeran ono ing dino akhir lan
dzikir marang Allah kang sak akeh2e”
Jamaah jum’ah ingkang kulo hormati…
Bertepatan wulan Maulud tahun puniko, ugi
sareng kaliyan musim rendheng kanthi cuaca ingkang ekstrem, cuaca mboten
menentu dipun tandai kaliyan bencana angin ageng. Menawi wonten tlatah Kudus
dipun wastani Badai Narella ingkang kecepatanipun ngantos 50 km/jam dumugi 75
km/jam. Kekuatan kalawau saget nerjang nopo kemawon ingkang dipun liwati. Griyo
sami mlorot genthengipun, wit2an sami njepluk roboh, buah2an sami rontok. Dereng bencana longsor ingkang dipun sebabaken
toya jawah ingkang mengguyur gompeng-gompeng ing perkampungan pegunungan.
Sedoyo kalawau ndadosaken kito tansoyo menyadari bilih kekuatan Ageng saking
panguwaosipun Allah SWT tuwin ndadosaken kito sami waspada. Ingkang paling
penting kito sami ningkataken anggen kito caket
kaliyan Pangeran kanti ningkataken ibadah kito.
Mugi kito sedoyo